Selamat Datang Di Kampus Ceria.. MADRASAH IBTIDAIYAH MUHAMMADIYAH KAYUTREJO " Mandiri Santun Cerdas " (Mimka MSc) Status Terakreditasi ~ Terimalah Salam Kami Asalamu'alaikum Warahmatullohi Wabarokaatuh, Mimka Selalu ada yang baru. "Silaturrohmi Alumni, Menjalin Ukhuwah Dunia Akhirat; Mempersiapkan Siswa - Siswi Madrasah yang Mandiri, Santun dan Cerdas

Senin, 09 Juni 2014

Sejarah Kawedanan Gendingan ( Bagian Ketiga )



Kacarita, dina temphue ghawe ing Ngawi manut ing katulis ana ing undangan, dina, sasi lan jam temune penganten jam 08:00 esuk. Mula KTAA Kertonegoro mekso tindak. Dipenggak Patih Ronggolono ora paelu, malah sajak duka. Patih matur arep dherek ora pareng. Kadipaten mundak suwung. 
Ratih arep mrentahake sawatara prajurit supaya dherekake,uga ora pareng.Malah digetak-getak wong arep jagong manten kok kaya nglurug perang.KTAA Kertanegoro terus tindak esuk sadurunge jam 08.00 miyos kidul kanthi nitih kudo kelangenane Kyai Pangerwojo.
            Kocapo ora sawetara suwe saka tindake Adipati Gendingan,lan kira-kira wis krungu suwarane bedhil pating jledhor.Pratandha Kupeni bakal nyerang Gendingan.
            Patih Ronggolono kaget lan gugup.Banjur nyameotakake prajurit pirang-pirang bregada.Ditunggu-tunggu Kumpeni Walondo ora ana nyabrang menyang kulon kali.Mung suwara bedhil ing brang wetan sing saya nggegirisi,sing sajake nantang marang prajurit Gendingan.Patih Ronggolono ora sronto,ngabani lan mimpin prajurit maju mengetan tekan pinggire kali Bibis.Nanging Kumpeni ora gelem ngincerake bedhile menyang kulon kali.Mung Kumpeni sing wis ditugasi nunggang jaran wedhok pada sesingan ana sapinggire kali ana brang wetan.
            Gandeng sing dititih Patih Ronggolono jaran lanang,weruh jaran wedok pirang-pirang padha jejogedan ana brang wetan.Patih Ronggolono ora kuat/ora kuwawa mekak/ngendaleni titihane,mbedhal nyabrang ngetan. Nanging jaran wedok-wedok sing ana brang wetan diunggahake mentas ngetan.Pancen siasat perang. Tur Kumpeni sadurunge wis diatur miturut keputusan rapat sak petugas-petugase.
Jaran sing dititihi Patih Ronggolono saya rikat clehe ngrubyung nyabrang bareng weruh jaran wedok padha mentas. Bareng jarane Ronggolono tekan pingir wetan durung nganti mentas, kanti singrak petugas kumpeni sing nggawa antene sing maune ora katon, margo durung diodod,banjur nyunthik iket/blakon Ronggolono saka ndhuwur perengane kali nganggo antene mau. 
Iket nyemplung banyu kali, Ronggolono nggeblak saka geger jaran kejegur menyang banyu kali dikroyok kumpeni pirang-pirang. Jasate ronggolono dicacah-cacah ngango pedangdening Kumpeni. Prajurit Gendingan sing isih ana brang kulon padha tinggal glanggang, margo dibrondong bedhil dening Kumpeni saka brang wetan. Rakyat padhal ngunsi tetangisan amarga kelangan patih sing maune tansah ngayomi rakyat.
Sawuse sepi ora krungu suwarane bedhil rakyat padhal nggoleki lan ngumpulake cuwilan kulit, daging lan balung jasade Ronggolono. Sawise nglumpuk kabeh, manut pasarujukane rakyat aja dikubur ana kene. ora urung mengko diparani Kumpeni sing isih  Ngigit-igit kempropoke , kubure dikrocok bedhil .Mula banjur disingitake digawa ngidul ,dikubur ana jabal kadas wilayah Ngrambe .Mulane nganti tekan seprena papan panggonane sedane patih Ronggoolono karan KAJANGAN marga biyen kanggo ajang- perang antarane prajurit Gendingan lawan kumpeni walondo . kocap kacarita ,tindake KTAA kertoegoro tekan alun-alun Ngawi wis midhangat suwarane gamelan nganyut-anyut saya disengkakake tindake  ,supaya ora kepancal temune penganten . bareng wis tekan pelaratan kabupaten ,panjenengane medhak,kyai pagerwaja dituntun, amarga nong kana wis kebak uwong jejel riyel . Terus tindak nuju pojok kidul wetan pendapa , ing kana ana wit  tanjung .pagerwojo di cancang / dikalaring wit tanjung .  tekan saiki watara wis luwih telungatus taunan ,wit tanjung iku isih cedhak pendhapa sisih kidul wetan .Wite dhoyong amargo oyote lajer pedhot pagerwojo .
Ing tengahe pendhapa priyayi-priyayi sing padha bekso ngeloni iramane gending wis padha mendem suwarane rame banget Dhasar ledhekeayu-ayu kathik pirang-pirang ngadhek kabeh  suwarane gamelan kaya mbedhahne kendhangan kuping ,saka serune olehe nabuh .
Sadurung munggah pendhapa KTAA kertonegoro kriksani kana-kene , ing penggalih ngudarasa kok ora Ana among tamune ,kok ya ora ana penganten sing,lungguh jejer ana pelaminan wis bar temu manten ,wong wis jam  09 .00 .Malah papan kanggo nglungguhake manten wae ora ana . Gandheng sedyana jagong nganten dadi  panjenengane ora ngagem busana Adipati tibake para bupati lan tamu tamu liyane  iku durung ngrti kanthi trewocomarang Adipati Gendingan ora ana ingsapa aruh .
Sa7rehne ora ana among tamu ,Adipati  kertonegoro terus tindak munggah tundhaka pendhapa mekso ora ana sing sopoaruh margo padha mendem Adipati kertonegoro tindhak  menyang panggonan sisih mhuri /sisih lor. Salaman tetepungan karo sing padha lenggahan mbako siji nganti rampung .ora ngerti sangkane bilahi ,lan embuh sapa sing menehi isyarat /kode marang kumpeni sing baris padha  
Lenggahenmbako siji nganti rampung ora ngerti sangkane bilahi , lan embuh sapa sing menehi isyarat /kode marang kumpene sing baris pendhem sakupenge dalem kabupaten Ngawi ,padha ngebyuk munggah ing pendhapa. Nanging ora ana suwarane bedhil margo rakyat sing nonton kebak andher.
Sanalika geger dadakan . ssuwarane kumpene sing ora bisa cara jawa lan durung weruh sing endi Adipati Gendingan iku campur  suwara gamelan ,ledhek lan wong mendem ;suwara niyopo sing nyenggaki ya wis pada mendem oleh muni mung waton mbengok, ora runtut .
Kacarita Adipati Gendingan dikroyok ,dieneng-eneng dening Kumpeni  tansah dikipat-kipatke, diedu kumba, dijeblosake tembok, dijegal, ditendang dening Adipati Gendingan. Coba wong siji tanpa gaman dikroyok kumpeni Walando sing cacahe atusan. Malah Bupati lan Wedana akeh sing padha tatu. Jalaran ya kuwi Kumpeni during/ora ngreti sing endi Adipati Gendingan iku, angger Bupati utawa Wedana sing menggango ora kaya kumpeni ya kuwi seng diamuk, disengguh/dikira Adipati Gendingan. Menawa pancen wis ditemokake yen kumpeni ora oleh nggowo bedhil utawa senjata tajam. Mosok Kumpeni atuan ora bias nyekel wong siji. Kira-kira mangkono penemune panggedhe Kumpeni Walondo.
            Kocopo, Kyai Pagerwojo sing dicancan ana wit tanjung, bareng weruh bendarane dikroyokwong pirang-pirang, banjur nylenthak ngiwa nengan, mobat-mabit, nganti wite tanjung dhoyong, oyot lajere (akar tungga) pedhot,bareng karo pedhote tali sing kanggo nyangcang gulune Kyai Pagewojo. Bareng wis lepas terus moro nyedhak pendhapa Kabupatan sisih wetan, karo mbeker sarosane. Ora sronto, Adipati Gendingan weruh mbareng midanget pembekere lan priksa titihane wis lepas nyerakwis  pendhapa pendhapa. Sakedhep netra mlumpat ing gegere Kyai Pagerwojo, terus kebandangake saka papan kana, kundhur menyang Gendingan mung limah jangkahe Kyai Pagerwojo.
Malah pegawai Purhutani ana sing kondho menawa tilas tracake Pagerwojo iku ana ing wit-wit jati sisih nduwur, ing ngendi papan dilewati nalika iku. Jare wit-wit iku ora oleh ditegor tekan saiki.
            Bareng tindhake Adipati Gendingan wis tekan alun-alun Gendingan during nganti mendhuk saka gegere Kyai Pagerwojo wis ginarubyuk prajurit lan rakyat Gendingan, klawan tawan-tawan tangis patin glero, pating jlerit . Sawise mundhut priksa apa sebabe padha nangis kaya lampor. Kaya tanpa diabani, caos atur uninga/wangsulan bareng kaya-kaya mbedhhahake kendhangan kupinh “PATIH RONGGOLONO SEDA” diperjaya kumpeni.
            Sanalika KTAA Kertonegoro sigeg, tan kuwowo ngendika, megeng napas, ngampet deduko. Jaja bang mawing-wing, netra kocak ngondhar-andir waja kerot-kerot. Ing galih arso mundhut priksa., sapa sing wani-wani mbocorake/nuduhake pengapesane Patih Ronggolono, nanging ora kawiyos. Ngawuningani kaya mengkana iku, sing mauni padha nangis “cep klepek” kaya binungkem ing syetan, ora cemruwit lan ora kemleset. Ana kahanan kang hening, segi mampring iku KTAA Kertonegoro mendhar sabdo: “SAPA WONGW SING NUDUHAKE PENGAPESANE PATIH RONGGOLONO,  INGSUN SEBDA-AKE MARANG KANG MAHA KAWASA, ANANDHANG CACAT WUTO  NETRA NGANTI PITUNG TURUNAN”
Wong sak alun-alun datang ana kumecap lan kumleset,kaya-kaya ngampet ambegan ngrungokake sabda pangandika sing nganti cetha wela-wela lan wijang kang miyos saka lathine KTAA Kertonegoro ing tengah alun-alun.Suwarane gumleger kaya bledheg nyamber ing mangsa ketiga ing tengah rahina.Sabubare iku rakyat kadhawuhan bali kabeh mulih menyang wismane dhewe-dhewe.Adipati Gendingan kaderekake sawetara prajurit,kondhor ngedhaton ing dalem kadipaten.
            “Sabda pandhita ratu,tari wola-wali mesthi nrenjuhi”
            Nyatane ora gantalan minggu wong-wong padha weruh manawa Gurmito ngalor ngidul tekenan lan dituntun dening keluwargane.Mongko sadurunge isih awas lan umure dhurung pati tuwa,tur sugih dadakan.Mula panyakrabawane wong akeh iya Gurmito iku sing mbocorake pengapesane Patih Ranggolono.Dhasar dheweke dadi gamel lan pangarite titihane.Nanging gandheng wis nampa sabda,ya ben dilakoni,mongko 7 turunan.
            Sabubare kadadeyan-kadadeyan sing wis kawuri,KTAA Kertonegoro ing batos penggalihe tansah mbenerake apa-apa kang dadi caos atur pramyoga saka Patih Ronggolono.La piye maneh “Pecut Diseblakna, wis kecabut dikapakna”(nasi telah menjadi bubur). Digethunana ya tiwas ngrantes rumaos durung kuwawa nyegah hardening hawa napsu, dadi ya mbeguguk makhutho waton, mbodan tanpa ratu, sapa sira sapa ingsu, kumalangkung. Wis pengalihe ngenes , midhanget menawa jisime Patih Ronggolono dicacah- cacah, paribasan dadi sakwalang-walang dening kumpeni walando. Osike penggalih :menawa ingsun tetep nglenggahi dalem kadipaten Gendingan  mangka wis ora kagungan andel-andel , mengko gek sakwayah-wayah kumpeni patroli mrene, banjur ingsun dicekel, marga nalika ing pendhapa Kabupaten Ngawi gagal. Saking kemropoke kumpeni ingsung dicacah-cacah ,harak mati konyol.
            Mula anuju sawijining dina panjenengane ngersakake tirah/ngungsi menyang jogorogo. Sawatara suwene ana kono marga hawane addhem ketimbang Gendingan. Nganti ana jogorogo ngasta candi sinebut CANDI SUKUH.
            Saya sepuh yuswane lan pengalihe mng tansah emut gek kepriye Manawa kepregok kumpeni Walondo mangka Ngawi mengidul tekan Madiun mengulon tekan magetan wis ana tangane Kumpeni Walondo . Mulane banjur ngresakake nglek mengulon menyang ngrambe ngiras pantes nyeraki sareyane Patih Ronggolono ing jabal kadas. Sawetara wektu lenggah ing Nrambe , penggalihe rongeh maneh. La yen kumpeni patrol tekad Gendingan mangka dalem Kadipaten suwung , harak digoleki ditakokake rakyat. Mangka saka Gendingan bablas mengidul tekan Ngrambe, marga wektuiku Walikukun durung ana, jalaran durung ana sepur. Stasiun- stasiun iku gaweyane Walondo. Mula banjur nglerek mengulon maneh menyang Sine . Saya sepuh saya pikun ndalem ana sine. Akhire puput yuswa/seda ana sine. Dening masyarakat Sine supaya sareyane ora kinaweruhan/ konangan kumpeni Walondo, jenazahe disarekake ana“GUNUNG SAREYAN” Wilayah sine. Dudu gunung Liliran , Gunung Liliran iku makame joko budug asal Majapahit. Yaiku wilayahe sang prabu Arya Bangah lan Patihe aran Patih keborejeng . Mula ing kene uga ana Desa kauman, biyen ya kulon alun-alun
Alhamdullillahhi Robbil ‘Alamin  !
Wassallamu’alaikum Warrohmatullahi Wabarokatuh.
                                                TAMAAT
KARACIK DENING
MUH. WAZIR NUR RIYADI
Disalin Oleh Siswi MI Muhammadiyah Kayutrejo 
alamat Pojok Kayutrejo Widodaren Ngawi Jawa Timur

Rabu, 04 Juni 2014

Sejarah Kawedanan Gendingan ( Bagian Kedua )



KTAA Kertonegoro uga kagungan kelangenan yaiku awujud KUDA/ajaran aran KYAI PAGERWOJOlan KYAI CLUNTANG,dene sing wujud MAESA/kebo,aran KYAI JAMANG,uga kagungan andel-andel warangka Dalem “PATIH RONGGOLONO”
Kuburane Kyai Pangerwojo ono ing Pengkol kuburane Kyai Clunthang ono ing butuh,Puyang kuburane Kyai Jamang ono ing jamang Anti, Wetan Stasiun
            Kyai Pagerwojo iku wujude jaran nanging kaya jaran sembrani. Yen dititihi benderane kaya-kaya ora ngambah bantolo/lemah. Mulane digunakake yen tindak adoh. Ana sing ngandakake Gendingan- Ngawi mung limang jangkah. Kyai Cluntang iku alus kaya dene tunggangane penganten jaman biyen , mulane ya mung dititihi yen tindak ameng – ameng sakiwo – tengene Gendingan wae. Kyai Jamang kebo sing wujude gedhe kaya gajah, lemu sungune blangkrah .Endi papan sawah utawa tegalan apa kedhokan  sing nate diliwati Kyai Jamang, sing maune lemah cengkar, dadi subur /loh jinawi yen ditanduri pari apa palawija hasile maremake lemu-lemu tur uwohe isine menthes. Terus ana tetembungan “PAK BO LE TUS” tipak kebo ana lelene satus, ya tipake Kyai Jamang. Dene Warangka Dalem Patih Ronggolono  iku sawijining uwong sing dhungdeng samalandheng. Ora tedhas apak palune pandhe, sisaning gerendha tinatah mendat, jinara menter, dibacok mlorok, ditumbak lakak-lakak di sudhuk Keris mung mringis,di bedhi, mula ara aneh yen dadi andel-andele Kadipaten Gendingan . Lan Gamel/Srati/Pengarti titihane Patih Ronggolono aranGURMITO.
            Anuju sawijining wektu KTAA Kertonegoro cangkromo/ameng-ameng nitih Kyai Cluntang ngiras mriksane saurute tapel wates Kadipaten Gendingan lan Kabupaten Blora. Gandeng sing dititihi Kyai Cluntang dadi lakune ya sareh/ora kesusu margo ngiras mriksani kaendahan alam . Dumadakaan kepethuk sawijining putri/wanito siang endah ing warni, busanane sarwo rapi mriyayeni, didherekake pra wanita lan priya sawatara. Iya ing wektu iku KTAA Kertonegoro ketaman panah asmara karo putri mau nanging ara kawetu. Dhasar isih joko durung kagungan garwo. Senajan lagi sepisan kepethuk tur ya durung tepungan, nanging tansah katok ing netra.
            Bareng wis kondor ing Gendingan mundhut priksa marang Patih Ronggolono sapa putri sing kepethuk ana dalan tapel watese Kadipaten Gendingan lan Kabupaten Blora. Patih Ronggolono munjuk atur Manawa iku garwane Bupati Blora. Banjur mundhut tetimbangan marang patihe kepiye carane supaya isa anggarwo putri iku. Patih Ronggolono ora nayogyani apa sing dadi kersane KTAA Kertonegoro, sebab putri mau wis kagungan garwo. Kaya ngopo mengko serake rakyat Manawa klakon panjenengan ‘’Ngrusak pager ayu’’ ngrebut garwane liyan tur padha-Padha priyagung kang kinurmatan. Luwih-luwih Bupati Blora iku isih sadulur sapaguron saguh ngupadi putrising isih Kenya/legan sing luwih endah ayu ing warni kegem panjenengane.
            Dhasar wiwit  isih timur setengahe diugung/dipuja dening rama ibune,amarga putratunggal utawa ontang-anting,bareng ngadepi mas puber lan was ora tinunggon rama-ibu lan kagungan panguasa,bebasan didadhung medhot  dipalangana mlumpat rawe-rawe rantas malang-malang putung.
            Kanti nglimpe Patih Ronggolono,nuju sawijining wengi kanthi sesidheman lan tanpa ruwang KTAA Kertonegoro tindhak Blora perlu dhusta garwane Bupati Blora. Keanehan kang ora tinemu nalar lumrah. Nalika semana putri iku sare ana sawijining kamar khusus piyambakan ing dalem Kabuaten Blora kanthi angler. Bok menawa pancen disirep blegonondo lan wayahe wes kliwat tengah wengi. Putri mau goib/musna satempat tidure kasur bantal gulinge ora anal an kecicir.Kang mongku lawang lan cendhela kamar mau tetep kakunci saka jero. Mula olehe konamgan to wes padhang,kok ora wungu-wungu  sholat subuh. Gandhng wis padha,lawang kamar I buka peksa saka njaba.
Bareng wis kabukak lawange, saiba kagete kawulawarga ing dalem Kabupaten Blora. Sajerone kamar pasayeran putri iku, suwung brung, resik gemrining ora ana apa-apane sing kecicir sealer-elere. Kanjemg Bupati dhawur ora pareng rame-rame. Mundhakkeprungu teko sajabaning dalem Kabupaten. Ngilir semi/ngisin-isini. Luwih-luwih yen nganti aparat kepolisian ngreti banjur kaemot ing berita Koran, soyo gawe keplorote drajat. Bupati sampunggawe. Mongko dalem Kabupaten rina wangi ana upas sing jaga/piket, kok bisa kecolongan. Tur sing ilang dudu mas picis raja brana. Lan wektu iku Kabupaten Blora wis ana tangane penjajag Walondo.
            Sejatine kanjeng Bupati Blora wis anggraita nanging ora dituduhake sapa-sapa mung kagem dhiri pribadi piyambak. Ora ana wong sing bisa tumindak pokal gawe kaya mengkono iku kejaba sedulur tunggal guru (sapaguron) yaiku Adipati Gendingan. Mula bab iki urusan pribadi lelorone. Lan bakal dirampungake kanthi cara pribadi, sadurunge pawarta sumebak getho tular. Amarga ana paribahasa sedawa-dawane lurung isih dawa gurun.
            Kocap kacarita, Putri sing kaangkat setempat tidur, lan ubarampene iku nganti dilebokake ing jero kamar Kadipaten Gendingan durung wungu anggone sare Bareng wungu wayah subuh. Kaget lan bingung yen  tempat tidur,kasur sak bantal gulinge,sepreine nyata kagungane,nanging kamare kok seje.Cete wae rupane ora padha karo kamar ing Blora.
            Coba dipikir sedhelok.Ora ana setengah wengi mangka Biora tekan Gendingan iku ora cendhek,tur durung ana ratan gedhe,ngeliwati alas gung liwang-liwung,lan seng digawa dudu barang entheng,sing disare ana tempat tidur ora kaget,ora krasan lan ora wungu.Allahu Akbar.Mulane wong saiki akeh seng padha golek emas ana eng alas saurute Payak ngasbathok-Mengger sapengalor.Dudu harta karun.Nganging kira-kira ageman perhiasane putri iku padha kececer kesangkut wit-witan sing dhuwur ana alas kana.Mula akeh wong seng padha dhudhuki lemah ing antarane wit-wit jati nganti kaya didhangir.Kaya dhek jaman Jepang wong-wong diprintah golek iles-iles ana ing alas.Mangka wayahe ketigo ngerak,dadi wit tethukulan padha garing.
            Patih Ronggolono bareng ngreti lan weruh kedadeyan iku ngrerepa lan ngarih-arih marang KTAA Kertonegoro,gek kaya ngopo ngrantes lan sedhihe Putri iku ana panggonan sing durung diwanuhi,adoh bojo lan sanak kaluwargane.Luwih-luwih ing Kabupaten Blora,kaya apa dukane Bupati Blora kelangan garwa tanpa kanyana-nyana.Mongko sedulur tunggal guru tur luwih sepuh ketimbang panjenengane,ya yuswane ya Kasektene .mongko Biora wis Beora wis okajajah bangsa walondo.Mengko gek “Nabok nyilih tangan”menyang kumpeni walondo supaya ngrabasa menyang  Gendingan. Mangka kadipaten Gendingan iseh bebas durung dijajah walondo nalika iku , senajan Ngawi ,Madiun,Magetan , Ponorogo sapengtan wis dijajajah walondo, mulane ana Bupaten. Dene Kadipaten Gendingan isih merdeka durung dijajah Walondo. Kanthi cara alus lan premati Patih Ronggolono olehe caos pengarih-arih supaya Putri Blora dicaosake bali marang garwane. Saka trapsila lan pengati –atine Patih Ronggolono nganti ora nyenggol pengalihe KTAA Kertonegoro .Malah bias luluh kaya “hagnisiniramwarih
            Kacarita, ora gantalan dina Bupati Blora rawoh temenan ing Kadipaten Gendingan . “Sudiro jayaningrat lebur dening pangastuti”. Rawuhe kanthi pasuryan kang sumeh, grapyak semanak, ora ngatonake duka utawa sengit apa maneh kemropok muna-muni, kaya lumrahe wong kelangan, banjur gregetan mampang-mampang . dhasar priyayi luhur ing budi, cocok karo wulangan agama sing dianut. “Dentresnaa marang satrunira”berbudi bawa leksana mula sing kagungan dalem olehe ngacarani tamune kecipuhan,tumungkul mari kelu, nglendheh nglenhok-I kalupatane. Ini bathos mbenerake ature Patih Ronggolono. Rumangsa durung bisameper hawa nefsune sawutune. 
            Peputone senajan Bupati Blora ora/durung ngendika menewa rawuhe ing  Gendhingan arep mundut bali garwane. KTAA Kartonegoro wis luwih disik ngaturake kekhilafan lan mugi pinaringan pengapur sing sa akeh-akehe, sawutuhe kanthi andhap asore penggarih. Rumangsa kalindhih ing kawibawaan. Lan sapungkure ora ana   rasa sengit uawa dendham resumat
            Kocapa sarandhadu kumpeni walanda ing ngawi tansah ngraka daya supaya bisa nelukake kadipaten Gendingan.Amarga saben nyerang nangulon menyang Gendhingan tansah gagal jugar wigar orabisa nlukake. Luwih-luwih bareng krungulan ngerti bab kedigdayan lan kesektene Patih Ronggolono.Anuju sawijinng dina kumpeni lan Bupati Ngawi,Madiun lan Magetan nganakake perundingan manggon ing Kabupaten Ngawi.Asline perundingan antara ; Kertanegara lan Ranggolono kudu di pisahke.Carane kapriye?
            Bupati Ngawi rewa-rewa /ethok-ethok duwe gawe mantu gedhen-gedhan. Rasiden lan Bupati serta wedana  saka rasidenan Madiun diulemi/di undang, klebu Adipati gendhingan sing durung kapikut penjajah Walondo. Dadi ya residn Madiun,Kediri,Bupati Madiun,Tulungagung,Magetan,Ponorogo,Pacitan,nganjuk, Kediri,Tulungagung,Blitar lan Sapinunggalane. Karo ngenteni dina dhaupe pengantinan palsu iku, margo ubo rampene akeh banget. Kayata: pasang terop, golek  gamelan, niyogo  ledhek lan sapiturute. Kumpeni nganakake telik sandi/mata –mata ,turus ,alas ,nganti tekan cedhak Gendingan.
            Suwe-suwe teliti sandi mau mrangguli gamel/srati yoiku tukang ngaritake jarane patih Ronggolawe, sing jenengi GURMITO. Gurminto dicekel,di dhedhes. Olehe ngarit iku sukete arep di edol apa keperiye, kok dipilih suket sing ijo-ijo lan sing enom-enom . Gumito ngaku kanggo pakan jaran.  Lan jarane sapa ? tukang ngaritnggledheg wae .jarane patih ronggolono .Bareng tekan kene iki olehe nyekeli awake Gurmito saya kenceng .jarane lanang apa wedok ? saka wedine. Jarane lanang .saya tambah kenceng olehe ngruket awake  Gumirto .pitakon  sing pungkasan Gurmito entek gentihe. Pengapesan Ronggolono ana ngendine ? yen kowe ngaku /nudhuhake pengapesane tak wenehi dhuwit 3 ringgit (Rp.7.50 ) .Jaman semono dhuwit semono iki di tukokake sapi oleh 2 (loro ) ,yen ora ngkau kowe tak pistol. Gurmito tukang ngarit tur ora tau mangan sekolahan bodho banget. Mula abot nyawane gelek  dhuwite .Pengapesane ana dhestarliket blangkon. Dieculake nompo dhuwit ringgit perak 3 (telu ). Bungah ngethipyah ora sido mati oleh oleh rejeki. Terus mulih, sukete ditinggal sakranjange Lan ora bali menyang kepatihan. KTAA Kertonegoro sawise nampa ulem/undangane dituduhake marang Patih Ronggolono. Gandeng sadurunge winarah,nyaosi wawasan marang KTAA Kertonegoro menawa ulem iku mung siasat saka kumpeni supaya kersa ngrawuhi. Yen sing ngundhang Bupati marga padha wong jawa-ne tur lagi dhuwe gawe manthu.Nanging KTAA Kertonegoro kumat/kambuh olehe deksura, ora kersa dhahar ature Patih. Malah ngendhika arep nyumbang kerawitan utawa apa sing dikersakake Bupati Ngawi,supaya katon Gendingan sugih/nggon gending. Ning kepiye ngangkute?
            Sarojo Bupati Ngawi arep tata-tata olehe arep rewa-rewa mantu, saradhadhu kumpeni rapat ngatur siasat bahane saka asile telik sandi singnginterpyu Gurminto. Supoyo mengko pas gawene bupati rancangan wis dadi, kari ngecakake,cocok karo dino, tanggal lan sasi sing katulis ana undangan.
            Pupuntoning rapat :
1.      Kertonegoro budhale menyang Ngawi mesthi metu sisih kidul. Jalaran alasa rada padhang, wite jati wis arang-arang.
2.      Kumpeni kudu ngirim pasukan lengkap Menyang Gendingan metu sisih lor nurut pinggire Bengawan Solo.
3.      Jarane ora kena nyambrang kali Bibis, kudu nggowa jaran wedok, kanggo mincing.
4.      Kumpeni ora kena nyabrang kali Bibis, kudu bertahan ana sebrang wetan.
5.      Pengapesane Ronggolono ana ing dhestar/iket. Kumpeni kudu nggawa piranti sing kena didhawakae lan dicendhakae kaya antene radio nagging luwih gedhe lan dawa.
6.      Dalem Kabupaten Ngawi sing kanggo ropyan kudu dikepung kumpeni, nanging aja kawistara. (Baris pendhem).
7.      Sawayah-wayah kertonegoro munggah ing pendhapa kabupatan panggonan pasamuan terus dikroyok Kumpeni sing baris pendhem.
Mangkono siasate Kumpeni walondo anggone arep misahake Kertonegoro lanRonggolono , hasil rundhingane Kumpeni lan para Bupati ana Kabupaten Ngawi sing dhisik.

( Bersambung ... )


Baca  Sejarah Kawedanan Gendingan  Bagian Ketiga  disini