Selamat Datang Di Kampus Ceria.. MADRASAH IBTIDAIYAH MUHAMMADIYAH KAYUTREJO " Mandiri Santun Cerdas " (Mimka MSc) Status Terakreditasi ~ Terimalah Salam Kami Asalamu'alaikum Warahmatullohi Wabarokaatuh, Mimka Selalu ada yang baru. "Silaturrohmi Alumni, Menjalin Ukhuwah Dunia Akhirat; Mempersiapkan Siswa - Siswi Madrasah yang Mandiri, Santun dan Cerdas

Rabu, 04 Juni 2014

Sejarah Kawedanan Gendingan ( Bagian Kedua )



KTAA Kertonegoro uga kagungan kelangenan yaiku awujud KUDA/ajaran aran KYAI PAGERWOJOlan KYAI CLUNTANG,dene sing wujud MAESA/kebo,aran KYAI JAMANG,uga kagungan andel-andel warangka Dalem “PATIH RONGGOLONO”
Kuburane Kyai Pangerwojo ono ing Pengkol kuburane Kyai Clunthang ono ing butuh,Puyang kuburane Kyai Jamang ono ing jamang Anti, Wetan Stasiun
            Kyai Pagerwojo iku wujude jaran nanging kaya jaran sembrani. Yen dititihi benderane kaya-kaya ora ngambah bantolo/lemah. Mulane digunakake yen tindak adoh. Ana sing ngandakake Gendingan- Ngawi mung limang jangkah. Kyai Cluntang iku alus kaya dene tunggangane penganten jaman biyen , mulane ya mung dititihi yen tindak ameng – ameng sakiwo – tengene Gendingan wae. Kyai Jamang kebo sing wujude gedhe kaya gajah, lemu sungune blangkrah .Endi papan sawah utawa tegalan apa kedhokan  sing nate diliwati Kyai Jamang, sing maune lemah cengkar, dadi subur /loh jinawi yen ditanduri pari apa palawija hasile maremake lemu-lemu tur uwohe isine menthes. Terus ana tetembungan “PAK BO LE TUS” tipak kebo ana lelene satus, ya tipake Kyai Jamang. Dene Warangka Dalem Patih Ronggolono  iku sawijining uwong sing dhungdeng samalandheng. Ora tedhas apak palune pandhe, sisaning gerendha tinatah mendat, jinara menter, dibacok mlorok, ditumbak lakak-lakak di sudhuk Keris mung mringis,di bedhi, mula ara aneh yen dadi andel-andele Kadipaten Gendingan . Lan Gamel/Srati/Pengarti titihane Patih Ronggolono aranGURMITO.
            Anuju sawijining wektu KTAA Kertonegoro cangkromo/ameng-ameng nitih Kyai Cluntang ngiras mriksane saurute tapel wates Kadipaten Gendingan lan Kabupaten Blora. Gandeng sing dititihi Kyai Cluntang dadi lakune ya sareh/ora kesusu margo ngiras mriksani kaendahan alam . Dumadakaan kepethuk sawijining putri/wanito siang endah ing warni, busanane sarwo rapi mriyayeni, didherekake pra wanita lan priya sawatara. Iya ing wektu iku KTAA Kertonegoro ketaman panah asmara karo putri mau nanging ara kawetu. Dhasar isih joko durung kagungan garwo. Senajan lagi sepisan kepethuk tur ya durung tepungan, nanging tansah katok ing netra.
            Bareng wis kondor ing Gendingan mundhut priksa marang Patih Ronggolono sapa putri sing kepethuk ana dalan tapel watese Kadipaten Gendingan lan Kabupaten Blora. Patih Ronggolono munjuk atur Manawa iku garwane Bupati Blora. Banjur mundhut tetimbangan marang patihe kepiye carane supaya isa anggarwo putri iku. Patih Ronggolono ora nayogyani apa sing dadi kersane KTAA Kertonegoro, sebab putri mau wis kagungan garwo. Kaya ngopo mengko serake rakyat Manawa klakon panjenengan ‘’Ngrusak pager ayu’’ ngrebut garwane liyan tur padha-Padha priyagung kang kinurmatan. Luwih-luwih Bupati Blora iku isih sadulur sapaguron saguh ngupadi putrising isih Kenya/legan sing luwih endah ayu ing warni kegem panjenengane.
            Dhasar wiwit  isih timur setengahe diugung/dipuja dening rama ibune,amarga putratunggal utawa ontang-anting,bareng ngadepi mas puber lan was ora tinunggon rama-ibu lan kagungan panguasa,bebasan didadhung medhot  dipalangana mlumpat rawe-rawe rantas malang-malang putung.
            Kanti nglimpe Patih Ronggolono,nuju sawijining wengi kanthi sesidheman lan tanpa ruwang KTAA Kertonegoro tindhak Blora perlu dhusta garwane Bupati Blora. Keanehan kang ora tinemu nalar lumrah. Nalika semana putri iku sare ana sawijining kamar khusus piyambakan ing dalem Kabuaten Blora kanthi angler. Bok menawa pancen disirep blegonondo lan wayahe wes kliwat tengah wengi. Putri mau goib/musna satempat tidure kasur bantal gulinge ora anal an kecicir.Kang mongku lawang lan cendhela kamar mau tetep kakunci saka jero. Mula olehe konamgan to wes padhang,kok ora wungu-wungu  sholat subuh. Gandhng wis padha,lawang kamar I buka peksa saka njaba.
Bareng wis kabukak lawange, saiba kagete kawulawarga ing dalem Kabupaten Blora. Sajerone kamar pasayeran putri iku, suwung brung, resik gemrining ora ana apa-apane sing kecicir sealer-elere. Kanjemg Bupati dhawur ora pareng rame-rame. Mundhakkeprungu teko sajabaning dalem Kabupaten. Ngilir semi/ngisin-isini. Luwih-luwih yen nganti aparat kepolisian ngreti banjur kaemot ing berita Koran, soyo gawe keplorote drajat. Bupati sampunggawe. Mongko dalem Kabupaten rina wangi ana upas sing jaga/piket, kok bisa kecolongan. Tur sing ilang dudu mas picis raja brana. Lan wektu iku Kabupaten Blora wis ana tangane penjajag Walondo.
            Sejatine kanjeng Bupati Blora wis anggraita nanging ora dituduhake sapa-sapa mung kagem dhiri pribadi piyambak. Ora ana wong sing bisa tumindak pokal gawe kaya mengkono iku kejaba sedulur tunggal guru (sapaguron) yaiku Adipati Gendingan. Mula bab iki urusan pribadi lelorone. Lan bakal dirampungake kanthi cara pribadi, sadurunge pawarta sumebak getho tular. Amarga ana paribahasa sedawa-dawane lurung isih dawa gurun.
            Kocap kacarita, Putri sing kaangkat setempat tidur, lan ubarampene iku nganti dilebokake ing jero kamar Kadipaten Gendingan durung wungu anggone sare Bareng wungu wayah subuh. Kaget lan bingung yen  tempat tidur,kasur sak bantal gulinge,sepreine nyata kagungane,nanging kamare kok seje.Cete wae rupane ora padha karo kamar ing Blora.
            Coba dipikir sedhelok.Ora ana setengah wengi mangka Biora tekan Gendingan iku ora cendhek,tur durung ana ratan gedhe,ngeliwati alas gung liwang-liwung,lan seng digawa dudu barang entheng,sing disare ana tempat tidur ora kaget,ora krasan lan ora wungu.Allahu Akbar.Mulane wong saiki akeh seng padha golek emas ana eng alas saurute Payak ngasbathok-Mengger sapengalor.Dudu harta karun.Nganging kira-kira ageman perhiasane putri iku padha kececer kesangkut wit-witan sing dhuwur ana alas kana.Mula akeh wong seng padha dhudhuki lemah ing antarane wit-wit jati nganti kaya didhangir.Kaya dhek jaman Jepang wong-wong diprintah golek iles-iles ana ing alas.Mangka wayahe ketigo ngerak,dadi wit tethukulan padha garing.
            Patih Ronggolono bareng ngreti lan weruh kedadeyan iku ngrerepa lan ngarih-arih marang KTAA Kertonegoro,gek kaya ngopo ngrantes lan sedhihe Putri iku ana panggonan sing durung diwanuhi,adoh bojo lan sanak kaluwargane.Luwih-luwih ing Kabupaten Blora,kaya apa dukane Bupati Blora kelangan garwa tanpa kanyana-nyana.Mongko sedulur tunggal guru tur luwih sepuh ketimbang panjenengane,ya yuswane ya Kasektene .mongko Biora wis Beora wis okajajah bangsa walondo.Mengko gek “Nabok nyilih tangan”menyang kumpeni walondo supaya ngrabasa menyang  Gendingan. Mangka kadipaten Gendingan iseh bebas durung dijajah walondo nalika iku , senajan Ngawi ,Madiun,Magetan , Ponorogo sapengtan wis dijajajah walondo, mulane ana Bupaten. Dene Kadipaten Gendingan isih merdeka durung dijajah Walondo. Kanthi cara alus lan premati Patih Ronggolono olehe caos pengarih-arih supaya Putri Blora dicaosake bali marang garwane. Saka trapsila lan pengati –atine Patih Ronggolono nganti ora nyenggol pengalihe KTAA Kertonegoro .Malah bias luluh kaya “hagnisiniramwarih
            Kacarita, ora gantalan dina Bupati Blora rawoh temenan ing Kadipaten Gendingan . “Sudiro jayaningrat lebur dening pangastuti”. Rawuhe kanthi pasuryan kang sumeh, grapyak semanak, ora ngatonake duka utawa sengit apa maneh kemropok muna-muni, kaya lumrahe wong kelangan, banjur gregetan mampang-mampang . dhasar priyayi luhur ing budi, cocok karo wulangan agama sing dianut. “Dentresnaa marang satrunira”berbudi bawa leksana mula sing kagungan dalem olehe ngacarani tamune kecipuhan,tumungkul mari kelu, nglendheh nglenhok-I kalupatane. Ini bathos mbenerake ature Patih Ronggolono. Rumangsa durung bisameper hawa nefsune sawutune. 
            Peputone senajan Bupati Blora ora/durung ngendika menewa rawuhe ing  Gendhingan arep mundut bali garwane. KTAA Kartonegoro wis luwih disik ngaturake kekhilafan lan mugi pinaringan pengapur sing sa akeh-akehe, sawutuhe kanthi andhap asore penggarih. Rumangsa kalindhih ing kawibawaan. Lan sapungkure ora ana   rasa sengit uawa dendham resumat
            Kocapa sarandhadu kumpeni walanda ing ngawi tansah ngraka daya supaya bisa nelukake kadipaten Gendingan.Amarga saben nyerang nangulon menyang Gendhingan tansah gagal jugar wigar orabisa nlukake. Luwih-luwih bareng krungulan ngerti bab kedigdayan lan kesektene Patih Ronggolono.Anuju sawijinng dina kumpeni lan Bupati Ngawi,Madiun lan Magetan nganakake perundingan manggon ing Kabupaten Ngawi.Asline perundingan antara ; Kertanegara lan Ranggolono kudu di pisahke.Carane kapriye?
            Bupati Ngawi rewa-rewa /ethok-ethok duwe gawe mantu gedhen-gedhan. Rasiden lan Bupati serta wedana  saka rasidenan Madiun diulemi/di undang, klebu Adipati gendhingan sing durung kapikut penjajah Walondo. Dadi ya residn Madiun,Kediri,Bupati Madiun,Tulungagung,Magetan,Ponorogo,Pacitan,nganjuk, Kediri,Tulungagung,Blitar lan Sapinunggalane. Karo ngenteni dina dhaupe pengantinan palsu iku, margo ubo rampene akeh banget. Kayata: pasang terop, golek  gamelan, niyogo  ledhek lan sapiturute. Kumpeni nganakake telik sandi/mata –mata ,turus ,alas ,nganti tekan cedhak Gendingan.
            Suwe-suwe teliti sandi mau mrangguli gamel/srati yoiku tukang ngaritake jarane patih Ronggolawe, sing jenengi GURMITO. Gurminto dicekel,di dhedhes. Olehe ngarit iku sukete arep di edol apa keperiye, kok dipilih suket sing ijo-ijo lan sing enom-enom . Gumito ngaku kanggo pakan jaran.  Lan jarane sapa ? tukang ngaritnggledheg wae .jarane patih ronggolono .Bareng tekan kene iki olehe nyekeli awake Gurmito saya kenceng .jarane lanang apa wedok ? saka wedine. Jarane lanang .saya tambah kenceng olehe ngruket awake  Gumirto .pitakon  sing pungkasan Gurmito entek gentihe. Pengapesan Ronggolono ana ngendine ? yen kowe ngaku /nudhuhake pengapesane tak wenehi dhuwit 3 ringgit (Rp.7.50 ) .Jaman semono dhuwit semono iki di tukokake sapi oleh 2 (loro ) ,yen ora ngkau kowe tak pistol. Gurmito tukang ngarit tur ora tau mangan sekolahan bodho banget. Mula abot nyawane gelek  dhuwite .Pengapesane ana dhestarliket blangkon. Dieculake nompo dhuwit ringgit perak 3 (telu ). Bungah ngethipyah ora sido mati oleh oleh rejeki. Terus mulih, sukete ditinggal sakranjange Lan ora bali menyang kepatihan. KTAA Kertonegoro sawise nampa ulem/undangane dituduhake marang Patih Ronggolono. Gandeng sadurunge winarah,nyaosi wawasan marang KTAA Kertonegoro menawa ulem iku mung siasat saka kumpeni supaya kersa ngrawuhi. Yen sing ngundhang Bupati marga padha wong jawa-ne tur lagi dhuwe gawe manthu.Nanging KTAA Kertonegoro kumat/kambuh olehe deksura, ora kersa dhahar ature Patih. Malah ngendhika arep nyumbang kerawitan utawa apa sing dikersakake Bupati Ngawi,supaya katon Gendingan sugih/nggon gending. Ning kepiye ngangkute?
            Sarojo Bupati Ngawi arep tata-tata olehe arep rewa-rewa mantu, saradhadhu kumpeni rapat ngatur siasat bahane saka asile telik sandi singnginterpyu Gurminto. Supoyo mengko pas gawene bupati rancangan wis dadi, kari ngecakake,cocok karo dino, tanggal lan sasi sing katulis ana undangan.
            Pupuntoning rapat :
1.      Kertonegoro budhale menyang Ngawi mesthi metu sisih kidul. Jalaran alasa rada padhang, wite jati wis arang-arang.
2.      Kumpeni kudu ngirim pasukan lengkap Menyang Gendingan metu sisih lor nurut pinggire Bengawan Solo.
3.      Jarane ora kena nyambrang kali Bibis, kudu nggowa jaran wedok, kanggo mincing.
4.      Kumpeni ora kena nyabrang kali Bibis, kudu bertahan ana sebrang wetan.
5.      Pengapesane Ronggolono ana ing dhestar/iket. Kumpeni kudu nggawa piranti sing kena didhawakae lan dicendhakae kaya antene radio nagging luwih gedhe lan dawa.
6.      Dalem Kabupaten Ngawi sing kanggo ropyan kudu dikepung kumpeni, nanging aja kawistara. (Baris pendhem).
7.      Sawayah-wayah kertonegoro munggah ing pendhapa kabupatan panggonan pasamuan terus dikroyok Kumpeni sing baris pendhem.
Mangkono siasate Kumpeni walondo anggone arep misahake Kertonegoro lanRonggolono , hasil rundhingane Kumpeni lan para Bupati ana Kabupaten Ngawi sing dhisik.

( Bersambung ... )


Baca  Sejarah Kawedanan Gendingan  Bagian Ketiga  disini


 



Tidak ada komentar:

Posting Komentar