Selamat Datang Di Kampus Ceria.. MADRASAH IBTIDAIYAH MUHAMMADIYAH KAYUTREJO " Mandiri Santun Cerdas " (Mimka MSc) Status Terakreditasi ~ Terimalah Salam Kami Asalamu'alaikum Warahmatullohi Wabarokaatuh, Mimka Selalu ada yang baru. "Silaturrohmi Alumni, Menjalin Ukhuwah Dunia Akhirat; Mempersiapkan Siswa - Siswi Madrasah yang Mandiri, Santun dan Cerdas

Selasa, 03 Juni 2014

Sejarah Kawedanan Gendingan ( Bagian Pertama )


SARASILAH DESA  GENDINGAN
Bismillahir  Rohmaanir  Rohiim 
Asalamu’alaikum Warohmatulloohi   Wabarokaatuh
             Swuh  repdoto  pitono,sabubare prajanjen  Giyanti   ana ing  secedhake  sungapan  kali  sawur  lan  Bengawan  solo  ana sawijining  pawongan  praajurit  playon  saka  demak  bintara  bebodra  ana ing  kukuban  kono  kanthi  ayem  tentrem.kabeh  kang  tinandur  bisa  urip subur ,makmu  rumongsa  ora  ono  kang  ngiganggu  gawe  pawon  jan  mau  aran  TOWILUYO.R umangso  urip  ijen  tanpo rowang , ora  kurang  pangan tur  atine  jenjem  ayem, margo  soko  lor wis  kaelet-eletan  Bengawan Solo, soko  kulon  wis  kecegat  kali  sawur,sing dadi  tapel   watese  propinsi  jawa  tengah  lan  jawa  wetan
            Anuju sawijining wektu sing  jumeneng ratu ing Mataram ngresakake tindak cangkromo ameng-ameng ngiras pantes niti prikso kahanane wilayah Mataram sisih lan nganti tekan sisih wetan.Gandeng wektu iku during ana rattan gedhe/aspalan, anane lagi dalan Deandels ing pesisir lor pulo Jawa saka Anyer tekan Panarukan sing dawane 1000 kilometer. Mula tindake sang Nata mau miyos/milir ing Begawan solo nitih prau kan arane KYAI ROJOMOLO lan ora ngagem Busana kerabon, mengkono ugo pandhereke ugo manganggo nawur kawulo.
              Kocapo bareng tindake wis tekan sungapane kali Sawur. Kyai Rojomolo mogok ora gelem milir, tansah montang-manting, mula papan kono dijenengake ‘’MANTINGAN’’. Sang Prabu dhawuh marang Kyai Romojolo, besuk wae yen wis bali lan wis kemput anggone cangkromo niti prikso, lerem lan nyare/nginep ana kene. Sawise dhawuh mangkono Kyai R ojomolo lagi gelem milir/ngeli maneh nurut iline banyu Bengawan solo. Let sawetoro dino lakune prau tekan enggok-enggokan bengawan, praune notog. Pandhereke matur marang sang prabu ‘’Kandos pundhi notog mekaten sang prabu?’’Dhawuhe sang prabu ‘’ AYO TERUS LAJU’’ mulo papan kono di jenengake ‘’SIDOLAJU’’ Sidolaju iku sing asli lor bengawan, dene sing pinggir ratan gedhe iku Sidorejo.
Bareng olehe tindhak cangkromo ameng-ameng wis tutug, sang prabu  sa rombongan ngresakake kondhor mudhik nyasak iline banyu Bengawan solo. Kocapo sabdho. Pandhito  ratu, bareng wis tekan sungapane kali sawur Kyai Rojomolo mogok montang-manting. Sang prabu dhawuh marang pandhereke supoyo Kyai Rojomolo di keler minggir ngidul, lan  dicancang sing kukuh supaya ora kintir. 
Sawise Padha mentas ing dha ratan Padha Priksa tanduran kang lemu – lemu lan ijo royo- royo. Mongko ana ing tengah alas gung Liwang- liwang adoh lor adohe kidul ora Mungkin yen ora di tandur dening manuso. Bareng mriksani tanduran mrono mrene Sang Prabu priksa kukus kumelun ing kadohan banjur bebarengan tindak menyang papane kukus mau.’’ Ora ana kukus lanpa geni ‘’.
            Kaya opo kejat/ kaget penggalihe Sang Prabu bareng priksa ana omah/gubuk ana satengahe alas gung liwang Liwung. Sang prabu banjur uluk salam. Diwangsuli saka buri omah, amarga wektu. Iku sing duwe omah lagi abong- abong ana buri omah. Bareng mara menyang ngarepan, saiba nratape atine Towiluyo, dikira utusan saka Demak nggoleki dheweke. Kanthi gugup lan gemeter tamune diatur tindak mlebu ing omahe lan dijerengake kloso lampit saka blabakan kayu. Sawise wewanuhan lan Sang  Prabu ora bloko menawa panjenengane ratu Mataram, amarga agemane nylamur kawula.Atine Towiluyo cumeplong,sebab tamune dudu utusan saka Demak.
            Sang Prabu sapendereke nyere ana kono nganti seminggu. Penggalihe rena banget mriksani tetenduran sing seger lan ijo royo- royo tur uwohe ndemenake. Senajan dahare saben dina iya mung sing disuguhake sing ndewe omah. Segane saga menir, jangane jangan Bayem lan sisirane janten, sambele sambel wijen , iwake iwak kali lan manuk, lan mung dibakar/dipangan. Tur kabeh mau ora krasa asin, margo ora ono pasar, lan towiluyo ora wani metu solo alas kono. Unjukane banyu degan lan legen. Dene buahe semangka,krai,blewah,tomat lan sapanunggalane.
            Bareng tekan wengi pungkasan ing minggu iku Sang Prabu dhawuh marang Towiluyo menowo ona kalodhangan supaya Towiluyo gelem sonjo ing daleme tamune iku. Mung diancer- anceri omahe madhep ngidul, ana gapurane, latare jembar banget, kulon latar ono masjide gedhe. Supaya isa mlebu gapuro iku Towiluyo diparingi pusaka jenenge “KYAI TELEMPAT”. Samangsa wis tekan gapura pusaka iku dituduhake wong sing jogo ana gapura kareben dieterake mlebu. Isuke sang Prabu sang rombongan pamet kondur .
            Kacarita, Towiluyo wiwit tata- tata, kabeh tandhurane diunduhi disimpe ing jero omah, supoyo mengko yen ditinggal ora dirusak/dipangan kewan alas an. Bareng wis rampung olehe resik- resik banjur nemtoake dino seng bakal kanggon lungo mlaku ndarat ngulon parane. Malem dina sing wis ditemtoake, Towiluyo sewengi ora turu. Ngliwet, mbzkar kali lan iwak manuk, ugo nyambel wijen anggo sangu ono ing dalan. Amargo Towiluyo ora wani metu dalan sing rame, tur ora nduwe dhuwit, lan samar yen konangan wong Demak Bintaro.
Demak Bintoro. Dadi olehe mlaku ya turut selip tengah alas.Bareng dietung-etung mlaku wis oleh 40 dina.Towiluyu lagi tekan latar jembar [alun-alun], banjur marahi gapura. Pusaka ditudhuhake sing jaga gapura, banjur dieterake ing sawijining kamar sing ana burine omah gedhong gede magrong- magrong . Sawise reresik awak,wetenge krasa luwe, banjur bukak sangune, sisane sing wis dipangan ana dalan. Dilalah kersane Allah ana kaelokan  segane sing digawa suwene 40 dina mau isih anget kaya lagi dietas saka kendhil bajur dipangan.
Seminggu suwene towiluyuono kono, dhurung   dipethuake dhayohe seng dhisik  wis tau nginep ing omahe Mantingan.  Mangane saben esuk lan sore ono sing nladeni  /ngeteri. Uga dheweke durung ngerti menawa ono ing sajeronong lingkungan kraton.
Kocapo,bareng wis seminggu sang prabu nganakae pisowanan agung ana ing pandhopo dalem kraton . lan utusan nimbali Towiluyu supaya marak ing kono wis kebak andher sing pada seba. Para mantri, bupati,sentana dalem dalah para prajurit tamtama kraton pirang-pirang brebada weruh kahanan kaya mangkono mau ndadak
Kaget,kather,raine pucet aclum saka wedine.ya wektu iku lagi ngerti yen kanging  moro dhayoh ing gubhuke kae tibane ratu . Luwih-luwi bareng ditimbali maju ana ngersane sang prabu sing lenggah ana dhampar kencana pinaliphit sesotya, gek ngliwati para mantri, bupati lan para prajurit tamtama Kaya-Kaya ora kuat ngadheg , banjur brangkang laku dhodok. Luwih-luwih weruh sang prabu ngagem busana keprabon sarwa gumebyar lenggah ana siti inggil binatu rata ngadhep dhampar kencana pinalipit ing sesotya . Ginarebeg ing para putri kang endah ing warni lan para emban cethi .ing ngadep marak ngersa patih [warangka dalem ] para mantri,bupati ,para sentono den apit-apit manggala yuda lan prajurit
Ringkasaning pasewakan sang prabu manuhake/ngenalake sawijining wong sing ana ngarsane iku jenenge TOWILUYU ,asal saka Mantingan lan nalika sang, prabu cang kromo nitih ROJomolo ,wis hate lerem lan nyare ana gubuge Towiluyu suwine seminggu.Amarga rojomolo mogok  ora gelem mlaku , dadi sang prabu ngraos kepotangan budi deni  towiluyu . sang prabu banjur  ngediko jeneng Towiluyu mau sinengkakake dadi KYAI WITOWALUYO lan maringi mas picis rojobrono  sarta duwit sakapil  dinawuhan bangun gubuge. Sarehne wisudha dadi  kyai uga didawuhi bangun MESJID .sing luwih wigati.     
Maneh sang Prabu maringi Putri,supaya Kyai Witowaluyo ana kancane lan bisa ngolahake pangan saben dinane serta Putri iku minangka dadi bojone.Supuya ing besuk nduweni turun branahan ana ing wilayah Mantingan. Putri mau arane NYAI AGENG BUTUH.
            Kacarita,swuse sawatara taun Kyai Witowaluyo lan garwane Nyai Ageng Butuh urip sakloron ing wilayah sungapane kali Sawur,banjur kagungan putra kakung.Gandeng kyai Witawaluyo maune darah Demak Bintoro lan Nyai Ageng Butuh darah Mataram sarta kahanane bale pomahane wis luwih apik tumata lan tentrem penguripane,putrane mau diparingi tetenger ARYO KERTONEGORO  jumbuh karo kahanane kulowargo  diopeni di gulowenthah.Saka mareme putra siji tur kakung dadi kaya setengah di kaya diugung/diuja.Nanging senajan mangkono wagandheng wes ana mesjide,pendidikan lan ajaran agama islam diperdi banget.Dasar Demak iku Islam samono uga Mataram uga Islan.Saya mundhak gede lan akil balig,putrane saya katon.Kawigaten kewanen,keterampilan kanuragan apa dene bab pangerten lan tumindake ajaran agama Islam.
            Kocapan ing antarane taun 1775 Masehi Aryo Kertonegara wis dewasa lan sinengkakake ing aluhur dadi ADIPATI ngrungkepi wilayah Kec.Widodaren, Kedunggalar, Kendal, Jogorogo, Ngrambe, Sine lan Mantingan saiki, dadi wilayah KADIPATEN kanthi jeluluk ; KANJENG TUMENGUNG ADIPATI ARYO KERTONEGORO.
Gandeng papan pendaleman Adipati iku akeh pakumpulan ; Wayang Wong, Kethoprak, Srandhil, Gambyong, Beksan, Tayub, Orek-orek, Wireng, Wayang Lulang lan akeh dhalang, sinden,ledhek, wiro pradonggon/niyogo, mula papan iki arane ; GENDINGAN
Tegese papan panggonan gending. Dene pendaleman mau mapan ana ing desa Gendingan, saiki sisih lor, pinggir bengawan Solo, margo durung ana ratan gedhe, dadi lalu lintas lewat banyu. Dalan gedhe saiki iku gaweane penjajah Walondo. Mula desa saurute ratan gedhe aran, Pulerejo, Sambirejo, Sumberejo, Karangrejo, Sidorejo, Jrururejo/Jrubong, Ngadirejo sing maune sepi. Mula nganti saiki Distrik/Kawedaran tetep Kawedanan Gendingan senajan kantor lan omah wedono manggon ing Walikukun, mergo nyedhaki stasiun sepur kanggo hubungan.
Tilas pedaleman Adipati Saben taun digunakake SANDRANAN yen pinuju bersih desa dening rakyat sakiwa tengene.Dene sakiwa tengene Rumah Dinas Kecamatan iku biyen ALUN-ALUN. Mula desa sakulone jenenge Kauman panggonan KAUM ngendhi wae desa/papan sakulone alun-alun jenenge Kauman Dene kantor desa Gendingan saiki sapengetan biyen Bui/Pangkujaran yen saiki Lembaga Pemasyarakatan SDN Gendingan 1 biyen pasar aran PASARWAGE.


( Bersambung....)

Baca Sejarah Kawedanan Gendingan Bagian Kedua  disini

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar